27 April 2009

DOA BAPA KAMI DALAM BAHASA JAWA

Melihat keadaan teman2 pemuda yg kurang biasa berdoa atau mengikuti kebaktian dengan menggunakan bahasa Jawa, maka pada kesempatan ini mari kita sama-sama belajar mengucapkan DOA BAPA KAMI dalam bahasa Jawa.

DONGA "RAMA KAWULA"


Dhuh, Rama kawula ingkang wonten swarga.
Asma Tuwan mugi kasucekna.
Kraton Tuwan mugi rawuha.
Karsa Tuwan mugi kalampahana,
kadosdene wonten ing swarga,
inggih mekatena ugi wonten ing bumi.
Mugi kawula sami Tuwan paringi
rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika.
Saha Tuwan mugi ngapunten
sakathahipun kalepatan kawula,
kadosdene kawula sami ngapunten ing tetiyang
ingkang kalepatan dhateng kawula.
Punapa malih kawula mugi sampun ngantos sami
katandukaken dhateng panggodha,
mugi sami Tuwan uwalaken saking pangawak dursila.
Awitdene Tuwan ingkang kagungan kraton
saha wisesa tuwin kamulyan
langgeng salaminipun.
Amin.


Sumber : Kidung Pasamuwan Kristen, BMGJ, 2001

4 komentar:

  1. Maturnuwun Mas, Mbak, Bapak, Ibu. Kula tiyang Jawi ingkang merantau 21 tahun ing kitha Jakarta, madosi DOA BAPA KAMI bahasa Jawi saget pikantuk awit GKJ Purwodadi kersa upload donga "Dhuh Rama Kawula" menika. Kula merloaken donga menika awit Bapak kula ingkang sampun yuswa 89 tahun nembe belajar ndherek Gusti Yesus wiwit Sabtu, 12 Maret 2011 kepengker. Sakmenika Bapak kula ugi nembe gerah lan dipun rawat ing griya sakit Magelang. Menawi kepareng kula nggih nyuwun dipun dongakaken supados Bapak kula estu-estu nderek Gusti Yesus lan enggal dhangan anggenipun gerah. Matur nuwun sanget nggih, mugi gusti mberkahi sedaya pasamuan gereja panjenengan.(Maaf jika bahasa Jawa saya nggak bener). Salam sejahtera, Arie

    BalasHapus
  2. Mohon kerjasamanya, Perwakilan PIR,K2P
    OMK Atmodirono Semarang

    BalasHapus